Sing nunggal sapetaranagan utawi sa kandung kito kudu ngerti
1. Wujude
2. Jenenge
3. Lenggahe
4. sertone.
Poro sesepuh/punjoggo dek jaman
kuno yen maringi pitutur marang anak lan marang putu buyute angel dingerteni
jalaran ulih maringi pitutur nganggo cangkriman, utowo ngaggo
tembungsinadi/samara. Pangandikane punjonggo R. Ronggo warsito ingkang tinulis
ing kitab hidat jati puniko yo mengkene.
1. ”Bumi kepetek sajrone lemah” iku nemu
surasa. Iki tegese wujudku asala saking lemah. Iku bakal bali meneh manyang
lemah. Dagingku iku sing dadi nafsu luwamah.
2. “amet geni dedamaran” tegese badanku
asale saking geni geni ono sajrone geni. Wahanane dadi nafsu ingsun jenenge
nafsu Amarah.
3. “barat ketiup ing angin” tegese wujudku
asli saking angin. Ngisep angin ngetokna angin. Wahanane dadi nafsu ingsun iyo
iku nafsu suwiyah.
4. “ngansu pikulane warih”. Tegese banyu
sajrone banyu badanku asale saking banyu. Wahanane sing dadi getihku sing dadi
nafsu mutmainah.
Kabeh mau ana tegese la ana
wujude sing ceto lan sing gambling. Senajan ming wujud pitutur ana ing luhur
lan nyoto anane. Ingkang mendet saking kawruh kebatinan/kejawan. Iku pada karo “bapa angkasa, ibu pertiwi” iku yo
kawruh kebatinan/kejawan, ananging kena diterangno lan gamblang lan nyoto.
Anganing bangsane aku lan kowe kawruh kajawan pada ora dingerteni lan ora
demen. Demenku ming:
1. Mangan
2. Nyandang
3. jejodohan/turu.
Kawruh kejawan ora dingerteni.
Saiki ngramalno pertamane ono
bumi lan langit. Gusti Allah ngucapna mengkena “Kun Menyakun!” Teka jleg bumi
langit uwis dadi seisine. Isine banyu, watu gunung, geni angin lan lintang
bulan lan sregenge. Bumi teksih suwung durung ono manungsane. Anuli gusti allah
kang moo kuwoso ngumpulno werno papat. Iyo iku bumi, geni, banyu, angin. Anuli
didadekno menungsa iyo iku nabi adam solalohungalihiwasalam. Mulo menkono
buka2ne yen siro iman/percoyo.
Saiki anggoleti utawa ngramalno
sedulur papat kalimo pancer. Sing disebut sedulur 4 mau ingkang nuggal
saklompok atawa sapetarangan. Makhluk ingkang andueni sipat sipat ingkang podo.
Koyoto tunggal bapa, tungga ibu. Ingkang pado jenise. Iki sedulur papat kalima
pancer wujude sing demunung ono ing badanku
A. Kakang
kawah
B. Jabang
bayi
C. Adi
ari ari
D. Getih
abang.
E. Ketokan
Puser
Iki keterangane:
1. Kawah
(utowo disebut kakang kawah)
Awit lahir disit
dewek mulo disebut kakang jalaran laire disit dewe. Wujude banyu putih metu
soko guwagarbane ibu sawise ibu uwat iyo iku sing disebut sedulur sepuh den
lenggahno aneng wetan. Winastanan kakangmas sukmodilanggeng. Sertene bubur
petak
2. Anuli
jabang mbayi lahir. Sing disebut kalimo pancer. Awit iku wujud menungso. Sing
bakale biso mimpin karo sedulur 4 mau. Senajan mimpin iyo ono kalane di pimpin.
Dadi emong kinemongan. Iku sertene sekul rong kepel/sekul kepyar 2.
3. Anuli
laire ari-ari sing disebut adi ari ari. Jalaran laire sauwise jabang mbayi
lair. Mulane disebut adi/weragil. Dipun paring jeneng yayimas sukmadiluwih.
Lenggahe onten kidul. Sertene jenang ketan ireng/arang2 kambang.
4. Anuli
lair banyu abang/getih amblabar milo yen manungso andueni kagetan deg degan
atawa giris/kaget. Jalaran weruh getih amblabar pasti kaget/deg-degan. Iku sing
diparingi jeneng kakangmas sukmadilangkung. Den lenggahno eneng kulon. Sertene
bubur abrit.
5. Ngramalno
Puser. Sauwise ari ari dipotong iyo iku sing jeneng kakangmas sukmadimulyo, iku
ketokane puser den lenggahno onten eler. Sertene jenang bekatul.
Milo disebut sedulur papat kalima
pancer gunggune nyoto ana papat. Iku wujude siji kawah, loro ari-ari telu banyu
abang/getih. Papat ketokan puser anuli den arani kalimo pancer iyo iku bayine
utowo menungso. Sing nunggal sekandung utowo sepetarangan. Lan sing ambabar
bareng sedino. Saking guwagarbane ibu. Sedulur papat mau pada ambiantu lan podo
anjaga lan podo aweh rejeki marang badan ingsun.
Milo kito kudu eling marang
sedulur papat lan kelima pancer. carane eling mengkene: kowe yen dino kelairane
gawe dedaharan wujude bubur werna papat lan sekul rong kepel/ sekul kepyar. Iku
mertandane bekti karo sedulur papat lan kelimo pancer. Bekti padha karo
ngaweruhi utowo andengeri. Yen siro pinuju gawe dedaharan bubur werna papat lan
sekul rong kepel lan meneh gaweo dedaharan sekul digawe tumpeng/ucet 2 deke’kono
kekomaran. Lan buah-buahan sing metu saking sajerone bumi. Tumpeng loro
demununge marang sing rumekso tanah/ bumi sing ditempati. Kekomaran demunung
marang dalan. Dene buah-buahan dununge marang bumi. Iku sing jenenge pala
pendem. Bumi iku sing kanggo temumpang aneng badan ingsun jalaran bumi
diidek-idek, diperangi,diisingi, diuyuhi. Dene dalan diidek idek saben dino.
Milo digawekno komaran pala pendem supaya anjaluk sing slamet. Iku dununge lan
dodok silihe kowe kabeh. Iku supoyo ngerti maring dunung-dununge. Milo yen
menungso kudu ngerti karo capean. Capean ngarani blangkon, sing jeneng blangkon
kowe yen during gamblang kudu takon. Wong sing akeh, bodo ampungan. Pinter nora
purun takon marang wong sepuh. Saiki nerusna urusan gawe slametan. Mestine, yen
biso, anuli ngingkung, ulam pitik/rosulan. Mangkene, katerangane nabi sing keri
dhewe Nabi Muhammad Solallohu Ngalaihi
Wasalam. Mongko, akehe nabi, 42. Kanjeng nabi, dipunparingi pangkat/ pegawean
kersane ingkang moho Agung/ Gusti Allah. Iyo iku, nabi rosul: pegaweane dikon
nekseni poro umat ing alam dunya kabeh. Milo, yen siro masrahna/anjawabna
slametan ojo ngasi bekti dahar dumateng gusti rosul iku keliwat. Nabi Muhammad
ora mangani rasulan, sing bener mengkene. Sarehning aku kowe due panutan, nabi
Muhammad gusti Rasul iku lagi diemut-emut utawi icuk icuk lan lagi diuri-diuri
yen tembung muri-muri iku bener apa ora yen ngabulno kudune ono keterangane,
eman eman yen ora ngerti. Gletak petele,
menungsa, kudune matur nembah
nuwun karo sedulurmu 4. Tegese, siro kudu sering aweh bekti/ slametan. Iku,
bekti karo awake dhewe. Carane piye olehmu arep males budi karo sedulurmu 4?
Mangkene iku luwih gampang. Siro, kudu eling Sair onten ing alam dunyo nganti
siro bali maring Delahan/ tanah. Iku, siro dibantu aneng sedulurmu 4. Selawas
urip nganti suko lan duko. Kabeh, karepe manungso dituruti ananging
manungsane sok ora eling. Nganti sedulur
4 andresulo. He, menungso. Sedulurmu elingno lah sing demung eneng ngarep mburi
kiwo tengen awakmu. Opo jasade/ pegaweane sedulur 4 mau?
1.
Kakang kawah. Kawah iku sing gawe daya
pengasihan marang sepada pada. Yo iku banyu putih/ kawah. Iku mau sing asale
saking bapak. Ingkang kagungan tresno marang ibu. Dadi tresno lan asih mau
andayani marang putro.
2.
Adi ari ari. Sing aweh daya kekuatan saking
pangan awit ari ari iku kanggo wadah sarino pangan. Sing kanggo ngurip- ngurip
si jabang bayi. Rikala teksih demunung aneng guwa garbane ibu. Sing 9 wulan
lawase senajan jabang bayi wis lair ono ing alam dunyo iku sing jenenge ari ari
tesih ngrewangi aweh rejeki marang menungso.
3.
Getih. Getih iku sing aweh daya panas marang
badanku sing biso aweh kekuatan uripku awit iku perangan iyo iku sing dadi
kekuatan uripku. Sebab getih iku ngandut sarine zat- zat anergi, vitamin ingkang
ambantu kekuatan, ingkang mbantu marang badanku sing wani mati. Iku banyu abang
milo ono omongan banyu putih asale seko bapak, banyu abang asale seko biyung.
Milo ono sesaji bubur petak lan bubur abrit. Milo bendera kito iku abang putih.
Iku mendet saking badan kito. Milo yen siro dino wiosane ojo keri bubur abang
putih. Mertandakno siro bekti karo sedulurmu 4. Ingkang ambiyantu sandang lan
pangan. Sarino lan sawengine.
4.
Puser. Puser sing aweh doyo nguyu- nguyu marang
karep utowo marang karep. Utowo doyo kraatif lan kasosialan. Yen wong ora due
sosialan iku sok diarani wudele bodong iku maknane wudel lan puser puniko.
5.
Pancer. Sing jenenge pancer yo iku badanku utowo
rogo. Badan iku, sing biso mimpin utowo momong karo sedulur 4 mau. Ojo ono sing
menonjol ngungkuli sedulur liyane. Carane ngaturake nembah nuwun karo sedulur 4
mau. Iku monoh gampang wae yo iku sarono utawi sranane puoso saben dino
klairane utowo wetone. Siro ora mangan, ora turu, ora minum sa dino sawengi
suene. Wiwit jam papat sore nganti jam 6 pendake sore. Yen siro arep nglakoni
yoiku aneng dino kelairane 36 hari sepisan nganti ping 7 kelairan utowo 7 weton
ora mangan ora turu, sujud marang ingkang Moho Kuwaos/ Gusti Allah. Iku segala
gala seklingane gampang olehe golet sandang pangan. Iku ono meneh sedulur papat
kalima pance ing kang demunung ono ing ngamarto/pendowo.
1.
Prabu punta dewa loro atawa samiaji
2.
raden wekudara/bimaseno
3.
raden arjuno/danang joyo
4.
raden nagkulo
5.
raden sedewa
Sing jeneng
pancere iyo iku puntadewane sing anduweni watek sabar lan nrimo. Mulo yen
pancer iku pancene badan kito. Pancen sing jeneng wayang iku pancene layangane
kito. Utowo gambare menungso. Kabeh milo kirangbara kitaniru kaya watek wateke
punta dewa. Putadea wateke suci lan adil palamarto. Awit kadungan banyu putih
minangka dadi pengikete sedulur papat mau sing wateke rupa rupa. Ananging lewih
utama kabeh mau pada mbantu binantu. Sae yeg saekoproyo. Rukun agawe sentosa,
crah angawe bubrah. Senajan iku wujude ming limo ananging biso ambrantas
mungsuh kurowo sing cacahe 100. Iyo iku bangsaku kowe kabeh sing watake
angkoromurko lan candolo. Milo ana paribasan “suro diro jayanigrat lebur dening
pangastuti sedulur papat kalima pancer.” Sing dumunung ono ing jagat royo siji
iyo iku manungso sing kueoso sing wakile gusti Alloh. Sing gesang ono ing alam
ndunyo. Iki dadi sedulur pancer sing wujudde bineka tunggal ika. Iku gatekno
yo. Planet bumi sing gawe duwe alam bangsane gegremetan ono ing daratan lan
sandang pangan kaliyan papan marang manungsa sebab hawane panas, lembab/sumuk. Sorote
ireng. Saiki planet suryo/srengenge ingkang anduweni alam bangsa brekasakan,
angsum daya panas ingkang bisa nganakake geni. Yen tanpo geni menungso ora iso
urip. Mesti ora bisa nyuburi panganane mesti jagate mbranang hawane panas sorote
abang. Saiki ganti planet candra/bulan.ingkang anduweni alam bangsane iber
iberan, angsum daya sejuk. Iyo iku ora adem ora panas. Iyo iku angin. Angin iku
sing dadi napas kito yen ora ana angin menungso ora bisa urip. Awit angin iku
nenuwuhna tetukulan iyo iku inti sarine zat-zat urip. Hawane sedeng sorote
kuning. Angin iku zat penguripan. Paringane pangeran ingkang moho kuwaos. Iku penting
dewe saiki anuli lintang iyo iku planet kartika utawi lintang. Lintang ingkang
anduweni alam bangsane iwak loh atawa banyu kalih angsum daya adem. Awit kahanane
banyu. Dadi yen umat titahing jagat iki tanpo banyu ora bisa urip. Awit banyu
iku agawete tetukulan/tetuhaning kang bakal dadi sandang lan pangane menungso. Lan
urip bangsane iwak iwakan. Iwak iku ambutuhna banyu hawane adem sorote putih. Mulo
menungsa ingkang dipanjingi nyowo iyo iku paringane gusti ingkang moho kuwaos. Iyo
iku sing dadi sedulur papat kalima pancer iyo iku bandan kito sing jenenge
menungsa. Mau sawijine umat sing luhur dewe ingkang paringi piranti urip
ingkang sampurna. Lan diparingi sugih ngakal dewe. Wis nyoto bisa ngambah
angkoso luar marang rembulan lan bakal bisa ngambah lintang lintang liyane lan
bisa sembungan karo umat luwar angkasa. Tur manungsa biso ngambah bumi. Miturut
lakune srengenge sing angsung hawa panas lan miturut lakune rembulan ingkang
angsum angin. Hawane sejuk lan kanggo lakune pengolahing bumi iku wis ono
pernatane mongso dewe dewe utowo perlintangan utowo astrologi. Senajan menungsa
ora anggatekno pancen koyo ngono iki. Iyo iku uriping Umat-umat iki kabeh
kalian juput sekang sasarining
1.
Geni
2.
Bumi
3.
Angin
4.
banyu
Iyo iku sing
dadine sedulur papat kalima pancer. iku dadi wis nyoto lan gamblang lan
ceto. Iki gatekno milo yen sedulur papat
mau gede banget jasane lan pigunane. Bisa gawe uriping umat umat kabeh lan
sekutu kutu walangataga atawa karo umat menungso kabeh. Nyoto banget sedulur papat
kalima pancer pada gandeng renteng sangkut baut lan tarik tinarik lan resep
rinesepan lan surupsinurupan dantan biso pisah yen pisah siji wae mesti agawe
bubrah tanane negoro/nduyo bakal nuwuhno petakane jagat. Yen menungsa pada ora
eling marang ukum kasunyatan iku mesti ora becik/tuna. Lan iku mesti bakal
ditulis eneng sedulur papatmu mau. Sedulur papat mau sing dadi sekang sir papat
iyo iku
1.
Ono sir bumi
2.
Ono sir geni
3.
Ono sir angin
4.
Ono sir banyu
Iku manjinge menyang badan
menungso kabeh.
1. Sir
bumi sing dadi bandan wadage menungso
2. Sir
geni sing dadi panase badan wadangke kito
3. Sir
angin sing dadine napas lan roh kito
4. Sir
banyu sing dadi roh utawi getih kito
Milo sing jenenge sir 4 mu kabeh
podo manjing menyang bandan manugso kabeh. Sing dadi hawanefsune manungso
kabeh. Sebab yen menungso ora duwe nafsu mesti ora duwe kekuwatan. Iki keterangane
meneh sir sing papat.
1.
Sir bumi sing sorote ireng dadine nafsu srakah
manggone ono ing waduk. Dalane ono inglesan. Mulane yen wong srakah omonge penyongyongan.
Wateke buteng jenenge nafsu luwamah.
2.
Sir geni, iku sorote abang. Sing dadi nafsu
brangasan. Manggone ono ing jantung dalane metu ing kuping mulane wong mbrangasan
yen nesu kupinge abang. Iyo iku sing jeneng nafsu amarah
3.
Sir angin. Iku sorote kuning sing dadi nafsu
birahi/baleg atawi nduweni seneng manggone onoing limpa dalane metu ing mripat
milane wong agi brai mripate pendira rangan larak lirik iyo iku sing dadi nafsu
suwiyah.
4.
Sir banyu sorote putih. Sing dadi nafsu
kamanungsan/memelasan utawi suci. Manggone ono ing ati pua. Dalane metu ing
irung mulane wong sing duwe sipat kamanungsaan sipate suci lan jujur, ora nduwe
watek goroh. Iku sing jenenge irung. Iki sing dadi nafsu mutmainah.
Iki kito tok wenehi weruh sing jenenge sir. Sir
iku podo karone demen. Demen kang jrone ati iku sing jenenge sir.
Poro pembaca yen siro maca ojo
mung maca’ae yo digatekno sajrone nolo/ati. Yo iki juga kitab, kitab jawa,
jalaran iki ambeberno kawruh jowo. Hurupe nganggo hurup jawa jalaran iki
ambeberno kawruh jawa. Iyo iku sedulur papat kalima pancer/badan sedulur 4 lan
kalima pancer den gelar dadi sejagat ye diringkas dadi siji. Sijiku saperti
alip. Iki huruf alip ( ا ) Jejeg koyo angka siji pancen alip iku
badan kito.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar